Postingan

Mbah Wagi (cerkak)

Mbah Wagi              Kadang ing njero fikiran iki ana keadaan sing gawe nyesel ngempet eluh ning njero ati. Kadang ing njero ati pingin banget awaku njerit nganti rasa laraku iki katut ilang karo jeritanku kui,nanging awak sing saya lemes iki ora bisa njerit kaya suara petir.   Bengi kui awaku sengaja metu omah. Tak delok nduwur ngeti langit. Tak pikir uripku saya suwe saya tua. Wong sing tak tresnani awet kae wis dipundut marang Gusti. Anak-anak sing mbiyen tak gedekke nganti gawe omah-omahan karo bojone saiki wis saya nglalike awaku. Jarang banget awaku di dolani   marang anak-anakku. Kadang awaku mendem kangen marang putu-putu ku sing jarang banget ngomong karo awaku. Mungkin awaku dianggep wis mambu tanah marang kabeh sing kae sayang karo awaku.               Saben wengi tangi njipuk banyu wudlu lan ngadep marang Gusti. Dikancani uplik siji sing seben wengi tak gawa anggene awaku arep ning ngendi wae nuju njero omah. Gubug sing sansaya rusak dadi omahku. Beda banget karo

Udan Kopi Wengi (cerkak)

Udan Kopi Wengi            Apa ana sing ngerti wayah apa sing cocok dadi tombo ati sing lagi lara ? Apa ana sing ngerti situasi apa sing bisa ngelunturke ati sing lagi kuciwa?   Yen tak pikir wayah apa bae ngepasi udan teka ati pada seneng lan tentrem,bengi misale. Kadang keadaan gawe awaku ngiling-ngiling jaman   kae. Wektu kui ngepasi udan deres banget,suasana atis lan angin semribit gawe awaku doyan ngombe kopi secangkir ana warung. Kadang awaku uga mikir yen wayah udan teka,pengen banget rasane ngilangke kenangan kuwi,mbusak apa wae sing kelakon ana cerita kuwi. Nanging awaku uga mikir. Awaku kui sapa? Ora bisa mbantah takdir ning ati,padahal pingi banget rasane guwak kesedehan sing lagi tak rasake.Ora salah udan teka. Ora salah angin semribit teka. Uga ora salah bengi gawe ngilingi masa lalu sing kebayang.      “Mbak kopi setunggal,gendisse kedik mawon” pesenku marang Mbak Wati karo   mbengok sitik      Ora suwe sakcangkir kopi teka diselehke ning ngarep meja.      “M

Syukur (cerkak)

SYUKUR      Godong garing tibo kanti ngrameni lemah. Angin sing lagi wae nyandak awaku sansaya gawe ati atis lan wedi. Tak kira srengenge sore sansaya anjlep ning ujung dunyo. Ngepasi awaku lagi nyaksike peristiwa kang sing tak bayangke bakal gawe ayem atiku sing lagi kelara iki.      Lungguh ning pinggir kali mburi omah kanti rasa trenyuh amarga dewean sing tak rasake. Ibu lan bapak ora pernah ngerti apa sing lagi tak rasake. Dasare aku bocah kang ora pati seneng crita marang sapa bae. Mung isa tak pendem. Senajan ibu lan bapak ora pernah tekon marang awaku kaya kanca kanca liyane sing rumangsaku mesti di gawe nyaman anggene ning omah. “Ibu lan bapak kui ning endi to? Kok yo ora bali bali.Ora ngrumangsani yen anake mesti dewean ning omah ngenteni kanti mbaten..” batinku karo nyawang kali        Tak pikir, luwih seneng yen awaku lagi ning sekolahan. Enek kanca kanca sing gawe awaku rumangsa dadi manungsa kang pantes di sayang. Beda yen awaku lagi ning omah. Awaku ora ndu

Mendem Rasa (cerkak)

Mendem Rasa        Sakwijining dina ana bocah kang bagus banget,becik nalare,sregep ngibadahe. Deweke dadi inceran para gadis gadis ning desa,padahal wonge kui tamu ning desa lagi seminggu iki. Ora gegumun yen awaku uga pingin kenalan karo deweke,nanging apa iya bisa awaku sing isinan lan ora pinter omong iki bisa kenalan karo deweke. Tak   pendem kepinginan iki ning ati,ora bisa ngapa-ngapa. Aku duwe kanca raket jenenge Ina. Deweke bocah ayu,kalem banget,uga becik nalare,aku lan Ina wis kekancan awet TK nganti lulus SMA. “Na... aku pingin cerita oleh ora?” “Iya,cerita apa? Ndang.. tak rungokake” “sebenere ta Na.. aku kii.. eh rasida lah kapan-kapan wae aku rung siap” “piye bocah iki..”        Pingin rasane aku crita rasa iki karo kanca raketku kui,nanging aku mesti ora bisa pinter omong lan ora bisa ngecul rasa isin ku iki. Wektu kui esuk-esuk aku didawuhi Ibu ning pasar blanja sayur. Ora sengaja aku ketemu karo bocah bagus kui ning perjalanan,tak lirik deweke nangi